KAMUS BAHASA BREBESAN
Cemolet = Satengah mateng
Lacut = cangkem dobolan
Bajingan = Kusir pedati
Ciblon = kendangan banyu
Kantek = Pendek
Kendaga = Baskom
trungku= kutruk, di tor, anter, terus-terusan.
wingka= pecahan gendeng
talawengkar= wingka sing madan amba-amba
Stodan= stir banyu, pintu banyu
doplak= mobil open cap
blandong= pedati
PENGING : DILARUHI, DI TAHAN
SONDARI : PRING SING PENDAK ROS DI BOLONGI DIADEGNA NING SAWAH ENDAH MONI ANGGER KENANG ANGIN
ROKEL : KELOK-KELOK
MRUSA : MEMOHON
MBERUNG : MBELING, TABEL, MBALELO
Toler = pipa, selang
Keblek = Motor
Kojong = Ransum, jidangan makan
Senggot = alat anggo mindah banyu sing ingsor menduwur
Jolang = alat anggo njukut banyu sing sumur
besot = per gulung, per sing tenagane sebab kas digulung,
Drat= per tarik
Cemera = anak ketek
Ngendeleyeh = asal-asalan, males-malesan (ning pegaweyan)
Klebet = bendera
Jodang = tempat sing anggo pranti nggawa jajan sarahan penganten , bentuke kaya katil
Letes = Serius; berhasil.
Cemolet = Satengah mateng
Lacut = cangkem dobolan
Bajingan = Kusir pedati
Ciblon = kendangan banyu
Kantek = Pendek
Kendaga = Baskom
cempal: clemek, jarit cuwilan anggo nyekel panci/sangan panas
gemuk: pelumas
pinatu: setrika
blao: semen
gelu: bantale mayit
truktug: pyan, eternit
para: tempat go mbenahi barang sing posisine ngantung atao nempel ning goco
salang: tali pikulan
bleketepe: klasa/tiker sing digawe saka blarak/godong klapa
angkur: wesi/kayu sing dipasang malang ning bongkote tiang sing pungsine sebagé jangkar endah tiange aja gampang rubuh
ampil: kancing pacul
sentak: barang sing anggo nyetél manteng kendoné kulit kendang
jipro: rok, longdres
sleder: gagiyan
toing: aja, poma
aweh: olih
keminjal: berag hiperaktif
songgat: ketus
uleng: jambak
sembrah: ceroboh
bagea: nembe rasan
dum: mbagi, membagikan
ider: keliling
lingsa: endog tuma
kop: anak tuma
waton: pojoke amben
kondong: kamar
srongkah: turu jlalatan lamped: entek bersih
lekaus: korupsi, dipangan wong liya
gemet: lihat "lamped"
tlawungan = tali anggo meme jarit
blabar = tali sing dibentang ning tiang
tutus = tali sing di gawe saka pring tali
jetok = tali sing digawe saka pring ampel
bengkung = tali pinggang, cara saiki sabuk
Srinkah= jlalatan bae
karah= ali-ali garan bendo
garan= gagang
deklit= terpal, karpet
sengget= gantar anggo ngemet godong
senggot= alat anggo nawu banyu sing kali/sumur
sumeng : mriyang cilik
bujid : sungkanan adus
doplak : cikar, gerobag surung
lampar : gaul
trenjek : bal-balan sing laka wasit
olih otil : pengine menang dewek
gujih : medit
pergene: umpamane.
Sloto: anyama wlingi wadah mbako.
Klebet: Bendera.
Gento: Maling.
Dergama: dikaktor, sakarepe dewek
dluwang: kertas
cotom : topi, caping
beslah : sita, rampas
trumpah : sandal
serpu : sepatu
Sumeng : demam
sintru : tabet, sungil, akeh setane
siru : sendok sekang godong gedang, biasane anggo mangan bubur.
limpad : cerdas
kuminco : ketua RT /jaman jepang\
stoplat : stasiun sepur
tlompe : lengah, lalai,
ketriwal : ilang
desmit : sewa ulang
singgang : pari sing woh sing tebat babadan, pari woh sing tebat tukulan dami tebat kas di panen
Ampo = lemah sing dibakar, biasane anggo jamu mual wong meteng
kawul = korek saka watu sing di adu
wungkal = asahan, gerenda
sorog = anak kunci
cengkal = kancing sangka kayu dawa
rusbang = dipan kayu dawa anggo njagong
bakuten = dongene
blendok = getah garing
injen = as, sumbu, poros
blik = wesi tipis, seng
belik = sumur cetek
sompok = spiker, pengeras suara
ngaruara = lara nguling-nguling
kiyauna = boro-boro (didoloh mburi kata) ch: ngrewangi kiyauna=boro-boro ngrewangi
dayoh = tamu
tayoh = tahan, wis biasa
kebet = lembar
beruk = alat ukur volume isine 2 cumplung
bentong = tongkat
rojoh = alat sing anggo nutu kinang
lontop = alat anggo nyogok
pilis = jamu sing di tempel ning batuk
rut = tali
pusa = yasa, kontan
sragen = ancak, wadah piring
jodog = wong-wongan sawah
leka = kerak
sluku = njagong sikile dilempit
bedod = rokok
gendul = botol
kelun = rol, gulung
getem = ilek, meneng
suwuk = disembur dukun, tindakan medis anggo ngusir setan sing nyambet
kesambet = keranjingan jin
blagbag = papan tulis
dingklik = jengkok
blandong = aula
obrod = dianggo terus-menerus
orson = limun
lajo = derep ning liya desa
derep = panen pari
kurung = luruh pegaweyan ning liya desa (nginep)
wantu = di jogi, isi ulang, refill
mandao = laka angin
sidum = adem kalingan teduh
teduh = awan, mega
tuk = sumber banyu
kaprem = ilang laka kabar
ukon = kancing klambi saka emas
kogelan = utang janji
tlitian = utang-utangan barang
libotan = utang-utangan tenaga
trukah = modal awal
iga-iga = nyambud gawe gratisan
wilad = kulit pring
sutang = cacad sebelah, ilang sebelah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar